Pidato B.Jawa
Gan nih saya ada contoh pidato bahasa jawa semoga bermanfaat... :) ^_^
Assalamualaikum
warahmatullahi wabaraakatuh
Nuwun,kula
nuwun
Ingkang
kinurmatan Bu Guru Bahasa Jawa,lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Sumangga
sami-sami kita konjukaken syukur dhumateng Allah SWT saengga ing wekdal punika
kita saged makempal wonten mriki ing kahanan sehat wal`afiat lan mboten wonten
alangan punapa-punapa,ing wekdal punika kula badhe sesorah ingkang ngandharaken
babagan “NARKOBA”.
Kepareng
kula matur sak-untawis,ngaturaken babagan narkoba,kita mangertosi wekdal menika
narkoba saben ndinten dados pawarta tumanter,TV,napa dene media masa utawi Koran
.Kita mangertosi bilih narkoba menika dados awis,tumraping negri
langkung-langkung agami,awit sosintena ingkang ngomsumsi narkoba,tumindakipun
badhe nalisir saking kasusilan.Saged kemawon tumindak ingkang ngrisakaken tiang
sanes,lan ugi kathah ingkang mlebet pakunjara amargi narkoba.Awit tiang
ngomsumsi narkoba ical kesadaranipun lan gampil tumindak
anarkis,kadosipun=mejahi tiyang,mbegal,jambret,lan sakkadosipun.Narkoba meniko
saged ngrisak jasmani saha rohani,sak sintena tiyang ingkang ngomsumsi mboten
pejabat,artis,bebrayan,mboten tiyang sugih,melarat.Pramila kanthi mekaten,mangga
sareng-sareng kita tebihi narkoba!,kita perangi narkoba!,supados kita mboten
mlebet ing jurang kesengsaran,lankung-langkung dhumateng generasi muda,minangka
kusumaning bangsa,mangga kita berjuang kanthi sekuat tenaga nebihi saha merangi
narkoba,ampun ngantos kita gampil kepincut barang ingkang haram meniko,barang
ingkang badhe mbeta kita dhateng tumindak ingkang nalisir,saking kautaman,saha
kasusilan,ingkang tundhanipun dhawah dhumateng jurang kasengsaran.
Kula
kinten naming mekaten ingkang saged kula aturaken,mugi-mugi saget dadosaken pepenget
tumrap kita sedaya supados sesorah ingkang saget mbeta mupangat lan mbok bilih
angen kula matur kathah kekiranganipun,kula nyuwun agenging pangapunten,inkang mboten
mranani ing pangalih.
Nuwun,kula
nuwun
Wassalamualaikum
warahmatullahi wabaraakatuh
Komentar
Posting Komentar